cj.vino akbar from 107.3 Fm E-radio study n fun station

walcome to my blog. to the reader's please menikmati ondition in my blog to your hapyy.

search

5.20.2009

Upacara pengantin jawa

Upacara pengantin jawa

Assalamu`allaikum Wr.Wb

Mukodimah

Sagung adi lenggah sami ingkang satuhu minulya. Kepareng matur wonten ngarsanipun sesepuh soho pini sepuh dalah kasepuhan ingkang satuhu kinabekten. Para satriyaning negari dalah pangemban pangembatin projo ingkang satuhu kinurmatan. Wonten pangarsanipun para kadhang werdho mudo taruno kakung sumowono putri ingkang satuhu tresno, lan ugi mboten kesupen wonten pangarsanipun poro rawuh sedoyo ingkang sinebo ing sagunging tata krami.

Poro rawuh ingkang satuhu kinurmatan, pujo-puji syukur mugi unjuk wonten ngarsanipun Gusti ingkang moho Agung injih puniko Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring pinten2 kanikmatan soho karohmatan dhumateng kito sedoyo sehinggo kito sedoyo saged pepanggihan wonten ndalemipun Bopo……………….kanthi mboten manggihi alangan satunggal punopo. Pramilo kanthi meniko kito ikraraken kanthi waosan alhamdulillahirobbil alamin.

Ugi mbotn kesupen shalawat soho salam kito ikraraken dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kito ajeng2 syafaatipun minhandiissangah illa yaumil qiyamah Amin yarobbal alamin.

Poro Bpk Ibu ingkang sinebo ing sagunging tata krami kepareng matur wonten ngarsa jengandiko sami minangkani punopo ingkang dados pamundhutipun ingkang jumeneng hamengkubati nuwun injih Bopo……………….ingkang supados kawulo ndereaken lampahingadicoro upacara pawiwahan ing wekdal meniko. Anamung sak derengipun kawiwitan keparengo ingkang rumiyin kawulo aturaken menggah toto rakiting adicoro pawiwahan ingkang samangkeh badhe kababar tuwen kabeber wonten ngarso jengandiko sami. Who ndene adicoro ingkang ongko sepisan nuwun injih:

v Pambuko

v …………….

v …………….

v …….............

v Penutup

Mekaten poro rawuh menggah tata rakiting adicoro pawiwahan ingkang sampun

Rinacik rinaket kanthi edi, Mugiyo waged lumaksono kanthi araras ariris soho hangresepaken dhumateng penggalih jengandiko sami.

Poro rawuh ingkang satuhu bagyo mulyo. Magayutan wakdal ingkang sampun dumugi titi wanci pramilo adicoro ingkan urut sepisan badhe kawulo wiwiti nuwun injih adicoro pambuko sumangga kito bikak sesarengan kanthi waosan umul kitab ingkang kawulo derekaken alfatihah…………………..njengkap adicoro ingkang ongko kalih nuwun injih…………………( seterusnya ).

Nuwun rawuh sakderengipun adicoro kawulo terasaken, kawulo sigeg rumiyin dene wekdal kulo aturaken dumateng sederek juru ladi. Bpk ibu adicoro payigeg sampun pari purno pramilo adicoro kulo terasaken.

Mekaten poro rawuh menggah lampahing upocoro pawiwahan ingkang sampun paripurno, mbok bilih anggen kawulo matur kathah kekirangan soho kalepatanipun kulo mawanthu-wanthu nyuwun agunging samudro pangarsami.

Kanthi kawulo akhiri

Wabillahi taufiq wal hidayah…………………………..

Wassalamu`allaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

taburkan inspirasi kita di fasilitas internet.
inilah perubahan zaman yng patut kita kembangkan. dengan internet kita bisa menuangkan ilmu kita yang pernah kita tau dan pahami dengan tidak memperhatikan setatus anda.

apa yang telah anda lakukan untuk hidup anda selanjutnya?

Pengikut